JUDUL-JUDUL FILM NGETOP (IN JAVANESE)
April 10, 2008
Enemy at the Gates — Musuhe Wis Tekan Gapuro
Die Hard — Matine Angel
Die Hard II — Matine Angel Tenan
Die Hard III With A Vengeance — Kowe Kok Ra Mati2 To?
Bad Boys — Bocah-bocah Elek
Lost in Space — Ilang Neng Awang-awang
X-Men — Wong Lanang Saru
X-Men 2 — Wong Lanang Saru Banget
Cheaper by the Dozen — Tuku Selusin Luwih Murah
Paycheck — Kasbon
Independence Day — Pitulasan
The Day After Tomorrow — Sesuke
Die Another Day — Modare Ojo Saiki
There is Something About Marry — Meri Ono Apa-apane
Silence of the Lamb — Wedhuse Mutung
All The Pretty Horses — Jarane Ayu2
Planet of the Apes — Planete Wong Apes
Gone in Sixty Second — Minggat Sakcepete
Original Sin — Dosa Tenanan
The Abyss — Entek-entekan
Seabiscuit — Klethikan Neng Laut
Terminator — Terminal Montor
How To Lose A Guy in 10 Days — Piye Carane Megat Lanangan mung 10 Dino
Lord Of The Ring — Pedagang Akik…
Deep Impact — Ngantem Njero
Million Dollar Baby — Babi Regone Sayuto
Blackhawk Down — Manuk Ireng Kenek Bedhil
Saving Private Ryan — Ngelesi Privat Mas Rian (pancene goblog tenan opo?)
bonus :
ARGOWILIS
Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an. Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an. Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem. Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.
Gak suwi moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong dikaplok PLAK..!!!.
Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin,” Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan”.
Sing arek wedhok sebelahe yo mbatin pisan,”Gak salah tah, sing ngesun mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun”.
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok mbatin pisan,”Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok.
Dikiro aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku”.
Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan, “Waahh.. kapan maneh aku isok nggaplok Kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe hihihihi…”.









April 14, 2008 at 8:45 am
tes.. hehe visit http://www.juansuandi.com